Rabu, 13 November 2013

PRANATACARA RAPAT



Nama                           : Mohammad Sahlan
NIM                            : 12/334891/SA/16494
Mata Kuliah                : Pranatacara

Pranatacara Rapat Ageng Dies Natalis Sastra Nusantara
Sugeng karahayon,
Assalamu alaikum warahmatullahi wabarakatuh.....
Ingkang kinurmatan, bapak dosen Slamet Bima Raharja minangka pembimbing lan penanggung jawab  keluarga mahasiswa sastra nusantara universitas gadjah mada, para konco kakung saha putri keluarga mahasiswa sastra nusantara universitas gadjah mada ingkang tansah kawula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami ngunjukaken puja puji syokur dhumateng ngarsanipun Gusti ingkang Maha welas asih ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring kanugrahan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saengga wonten ing enjing punika kula saha panjenengan sedaya saged kempal wonten ing papan punika kanthi boten alangan setunggal menapa.
Para rawuh ingkang minulya, keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pranatacara rapat ageng dies natalis jurusan sastra nusantara universitas gadjah mada 2013 ngaturaken sugeng rawuh lan sugeng pambagyaharja dhumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa rawuh wonten ing adicara ing wekdal enjing menika. Selajengipun keparenga kula ngaturaken reroncening adicara rapat ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik, ingkang kirang langkung mekaten:
1.      Adicara angka setunggal Pambukaan
2.      Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, wedharing pangandikan saking Bapak dosen Bima Salamet Raharja
3.      Ndungkap adicara ingkang angka tiga, rembagan acara dies natalis jurusan sastra nusantara ingkang badhe dipunpimpin dening sedherek Iqbal Rahardian minangka ketua KAMASUTRA.
4.      Minangka pungkasaning titi laksana rerembagan samangke badhe dipuntutup kanthi dedonga sesarengan.
Bapak dosen, kanca-kanca, saha para rawuh ingkang minulya, mekaten menggah reroncening adicara ing enjing punika. Kinarya murwakani adicara rembagan punika, sumangga kula panjenengan dedunga sesarengan matur marang Gusti, mugi-mugi acara ing enjing punika saged lancar ngantos paripurna. Kanthi boten ngirangi pakurmatan, dedunga miturut agami piyambak-piyambak kawula dherekaken.
Cekap.
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak dosen Slamet Bima Raharja, dhumateng bapak Bima Slamet Raharja wekdal saha panggenan kaaturaken. Sumangga.
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Bima Slamet Raharja ingkang sampun kepareng  paring pangandika.
Tumapaking adicara salajengipun, rerembagan acara dies natalis sastra nusantara ingkang kaping 58 ingkang badhe dipunpimpin sedherek Iqbal Rahardian. Dhumateng sedherek Iqbal Rahardian wekdal saha panggenan kaaturaken. Sumangga.
Bapak dosen, konco-konco, saha para rawuh ingkang minulya, acara rerembagan ing enjing menika  sampun paripurna. Minangka pratanda panutuping adicara ing enjing menika, adicara badhe katutup kanthi dedonga sesarengan. Anamung sakderengipun dedonga kawiwitan, kawula badhe ngaturaken sekedhik pengumuman ingkang kirang langkung mekaten: rapat selajengipun badhe kaleksanan dinten rebu ngajeng tanggal 20 Nov 2013 pukul 15.00 wib ing selasar margono lantai 5, lan kagem sedaya mahasiswa sastra nusantara kawajibaken iuran Rp. 50.000,- kangge acara sakmenika.
Mekaten sekedhik pengumumanipun, kalajengaken adicara ingkah pungkasan inggih punika panutup. Mongo kula dherekaken mungkasani adicara ing enjing menika kanthi dedunga sesarengan, mugi kanthuk ridhonipun Gusti. Dedunga kawula dhereaken, sumangga.....!
Cekap,
Adicara rapat ing enjing punika sampun paripurna, kepareng kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih atur lan tingkah laku kawula kathah kalepatanipun, kula ingkang piniji nyuwun gunging samodra pangaksami. Sugeng kundur, mugi kawilujengan.
Wassalamu alaikum warahmatullah wabarakatuh.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar