Senin, 04 November 2013

ADICARA PENGAOSAN



Tuladha Pranatacara adicara
 

wonten ing adicara pangaosan / acara islami

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu,
   ” Alkhamdulillahirobbil ‘Alamin Wassholatu wassalamu ‘Ala Sayyidina Muhammadin, Wa’ala alihi wa Ashkhabihi ajma’in….. ( Bisa ditambahkan hadits atau salah satu surat Al-Qur’an yang mengandung tema dari peringatan yang sedang berlangsung )…………Amma Ba’du..”
 Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten Rakhimakumullah;
      Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan, Para alim para ulama, tuwin para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang tansah tinulad dening para ummat, linangkung dhumateng panjenenganipun almukarrom ……………………….. (nama tokoh yang akan memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu mau’idhaha khasanahipun , ingkang dipun mulyaaken Allah, bapak – bapak tamu undangan saha para ibu sumrambah sedherek sedaya kaum muslimin lan muslimat Rakhimakumullah.
    Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji, ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit paringipun sak sae-saenipun ni’mat arupi iman lan Islam, pramila sedaya kenikmatan punika satuhu pantes kita syukuri sesarengan bikalimatit tahmid …. Alkahndulillahirobbil ‘Alamin.
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita tansah pikantuk syafaatipun…Amin..amin ya Robbal ‘Alamin…
      Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah. Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan …………………, nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ………………… ing titi wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam deneng para rencang -  rencang panitya , ingkang kirang langkung rinantam mekaten :
1.     Adicara angka sepisan Pambuka
2.     Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Qur’an, ingkang samangke badhe kasarirani dening sedherek ……….
3.     Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang hamengku gati punapa dene prakata panitia, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak ……………………… (ketua panitia atau yang ditunjuk)
4.     Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai ………….(biasanya pejabat tertinggi di lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian ini).
5.     Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening Almukarrom ……………………(sebut nama beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa…)
6.     Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan sakmangke bade katutup kanthi waosan do’a, ingkang kasuwun saking panjenenganipun ……………. ( Sebut nama besar / lengkap dan status keagamaanya, jabatan, )
     Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ………….. ing enjang / siang / sonten / ndalu punika. Mugi kemawon adicara ingkang sampun karantam menika saget  lumampah kanti rancag winantu barokahipun Gusti Allah SWT. Awit saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan menika, sumangga kita ngunjukkaen do’a kanti waosan ummul kitab sesarengan.
     Kanthi mboten ngirangi atur pakurmatan kula dhumateng para kyai para alim ulama, saha para kasepuhan, sumangga waosan ummul kita wiwiti, kanthi patrap ingkang sampurna, sumanga, waosan kulo dhere’aken,
    Liridhoita’ala Walisafa’ati Rosulillah, wa ‘ala niatin sholihah, saeu Lillahumul Fatihah….
 ***** ( Bacaan Surat Al-Fatihah bersama )*****
Matur nuwun.
     Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah ingkang badhe kasarirani dening sedherek ……………………. Anamung saderengipun, kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun. Salajengipun, dhumateng sedherek …………… wekdal kasumanggaaken.
 *****( Waosan Ayat Suci Al-Qur’an )*****
     Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka saengga saget ayom ayem tentrem dumugi sak lami-laminipun. Ugi dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau mugya pikantuk ganjaran ingkang matikel – tikel saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal ‘aalamiin.
     Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja punapa dene prakata panitya. Dhumateng sederek / Bapak …… wekdal kasumanggaaken.
 *****( Sambutan Panitiya / Pambagyaharja )*****
     Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu………… (Pejabat pemerintah yang hadir / atau tokoh masyarakat yang menjadi sesepuh warga ). Dhumateng bapak/ibu………. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 *****( Sambutan – Sambutan )*****
   Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu……ingkang sampun kepareng paring pangandika.
        Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah, purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
      Anamung sakderengipun, midherek atur saking panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring wekdal dhateng  para kanca-kanca panitya wingking  ingkang badhe angaturaken pasugatan prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar nyami’an sa’wontenipun kangge jampi salit sa’wetawis kanthi mardu merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
 *****( Istirohat / sumunu sa’wetawis kangge ngedalaken pasugatan / snack, menawi wonten seni hiburan saget pun isi sekar-sekar sholawat, menawi mboten wonten cekap ngangge pita swara / kaset )*****
    Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat ngemani wekdal, wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
     Salajengipun wedharing wursita aji saha tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika. Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai…..kasuwun paring pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan …… dalu punika. Dhumateng almukarrom …….. wekdal sacekapipun kaaturaken. Sumangga.
 ***** ( Inti Pangaosan )*****
   Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun almukarrom……ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah ing enjang/siang/sonten/ndalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha ingkang sama midhangetaken wedharing pengaosan kanembe, mugiya dados dedamar miwah paugeraning kula lang jama’ah sedaya anggenipun gesang wonten ing alam ndunya, dumugiya gesang wonten ing alam akhirat sakmangke, Amin,,,amin..Ya Robbal ‘Alamin.
    Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya Rakhimakumullah, purnaning wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna, minangka pratandha panutuping adicara siang/sonten/ndalu punika, adicara bade katutup kanthi waosan do’a ingkang kasuwun sangking panjenenganipun bapa kyai……………. … Anamung saderengipun waosan do’a kawiwitan kepareng , kula ingkang piniji ndherekaken lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami, ing wasana sapari purnaning do’a panutup, hamung ngaturaken sugeng kondur mugi rahayu ingkang samya pinanggih, .nuwun
Sa’meniko wanci katur dhumateng panjenenganipun bapa kyai…………..
Sangking kula cekap semanten, billahi taufiq wal Hidayah
Wassalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.
Dhumateng bapa kyai…kasumanggakaken….

Tidak ada komentar:

Posting Komentar